Saturday, July 01, 2017

DOLAN, MAMPIR CANDI CETHO + CURUG JUMOG

Kira-kira 2 taun awit aku kalangan tekan kebon teh Kemuning (NJAJAL JALUR SALATIGA-GEMOLONG-NGARGOYOSO), ono kerenteg (artine "semangat" bro) kanggo mbaleni dolan ngliwati jalur kuwi maneh.  Iki apa merga ketagihan, kangen, penasaran, apa ambisi liyane? Ya mbuh, Dul. Sing cetha, seka sing taktulis ning artikel sakdurunge, aku duwe karep utawa gagasan yen kapan-kapan arep njelajah kawasan kebon teh Kemuning nganti tekan Candi Cetho.

Eee, bareng napak tilas jalur kasebut mau, jebule sebagian dalane ono sing wis rusak, contone seko Gemolong liwat Plupuh tekan Masaran.  Dalane brochel-brochel dhedhel-dhuwel pating mbrongkal.  Tujune bareng tekan Masaran, situasi wis under control aman bin nyaman.

Sakteruse seko Jambangan, Batujamus-Kerjo nganti rampunge kalangan, critane nganggo gambar poto wae ya Dul.  Ben luwih valid (ora dianggep hoax) tur luwih ngirit ketikan.  Cekidot ya Dul:
alas karet Kec. Kerjo
 Spot alas karet ana Kec. Kerjo sing iki biasane dadi idolane para penggemar dolan/ biker sing lagi liwat nuju Ngargoyoso.  
Alas karet Kerjo, terusane sing mau
 Bar lewat alas karet sing sempat ngetop, terus lewat sawah dalane munggah.

Munggah terus, nganti tekan Kemuning sing kondhang kebon teh. Lha saiki tarik napas dhisik, kanggo persiapan marani Candi Cetho ana pucuk gunung. Okre Bro ?

Kebon teh ning nduwur gunung
Seka kene, dalane nanjak ruar biyasaaa....yen para sedulur teka rene, motore kudu sehat wal afiat, waras wiris tanpa lara lapa.  He he, soale yen kondisi motor ora teges, bakal ngebrok ora isa mlaku munggah.  Tanjakane sajak ora sopan tenan, ndedel tanpo tedeng aling-aling.
Nanjak, belok, nanjak maneh !
 
sabar, iki isih nanjaaak maneh.
Pungkasane dalan sing nanjak tambah nanjak mau, ketemune lataran parkir, penginepan, warung karo omahe warga sekitare Candi Cetho.
Iki latar ngarep mlebune Candi Cetho

Wis saiki tekan jerone Candi Cetho.
Candi Cetho seka ngarep

 
Sawangane Candi Cethoi seka samping


Gapura tengah arep munggah tekan candi
iki ngarepe candi paling pucuk
iki mburine candi utama

iki gubug-gubug kanggo sing padha donga (sing dolanan hape ya oleh mampir, ora haram)
iki patung ajudan King Brawijaya
iki dalan sampinge candi arep ning Puri Taman Saraswati
dalan setapak nuju Puri Taman Saraswati
undak-undakan nuju Puri Taman Saraswati
undhakan gerbang Puri Taman Saraswati
Puri Taman Saraswati kuwi panggonan sembahyang warga Hindu
Arca Saraswati katon seka sisih tengen



Arca Dewi Saraswati
Patung sing jaga ngarep candi
dalan arep metu seka candi
kumpulan watu sisa-sisane candi
tatanan watu nunjukke lambang Majapahit
gerbang ngarepe Candi Cetho ngadep langit
si Vegie nongkrong ning nduwur gunung

Bubar seka Candi Cetho, aku ngglender mudhun gunung lewat dalan sing mau nanjak tanpa belas kasihan.  Ngereme kudu kenceng Dul.
njojrog..mudhuun terus nganti tekan desa ngisor kono kae..

Terus, nglewati dalan sih ngarah nyang Candi Sukuh, aku njujug ning Curug/ grojogan Jumog.  Panggonane katon seger adem ayem tentrem marai mesam mesem.  Syarate yen arep nonton grojogan Jumog, sikil - dengkul kudu kuat kanggo mudhuni undak-undakan lan mengkone ya munggah lewat undak-undakan mau. 
dalan arep ning Candi Sukuh
undak-undakan mudhun cedhake grojgan Sumo
 
iki ngarepe Curug Jumog


Curug Jumog soyo cedhak
pas ngisore Curug Jumog, ana pelangi nggon tibane banyu
latar ngarep grojogan, nggone asri-eyup, banyune bening-adem-seger



























rampung napaki munggah undak-undakan oleh ucapan selamat
Rampung keceh banyune Curug Jumog, terus mlaku balik munggah napaki undak-undakan sing gunggunge ana 232.  Dijamin ngos-ngosan tanpa ewuh pakewuh, ngono lho Dul !