Thursday, April 24, 2014

NJAJAL JALUR SALATIGA - GEMOLONG - MASARAN - NGARGOYOSO



NJAJAL JALUR SALATIGA – GEMOLONG – MASARAN – NGARGOYOSO

(HIDDEN TARGET:  RUMAH TEH NDORO DONKER – KEMUNING)
 
Dolan/ kalangan numpak udhuk pancen gurih.  Ngerti ‘udhuk’ ra Bro?  Dudu sego uduk lho.  Udhuk kuwi tembung ‘jadhul’ sing artine pit montor, alias brompit.  Jaman saiki, kok koyone kabeh kerabat podho ngingu udhuk.  Rono-rene akeh wong podho nganggo udhuk, jalaran barange pancen luwes-prigel alias fleksibel (kondhone wong canggih).



Wis, sing arep takrembug dudu perkara udhuk.  Takceritani soal dolan numpak udhuk tekan kebon teh Kemuning, Ngargoyoso. Nggone kuwi neng perenge gunung Lawu.   Ngargoyoso kuwi klebu Kabupaten Karanganyar lho Bro.  Asik to?  Critane mulai wektu dina prei April 9.  Asline kuwi dudu dina prei, mung goro-goro ono coblosan Pemilu (sing serba nganggo dhuwit tur boros) Rebo Pon kuwi dadi dina prei.  Rampung nekani undangan coblosan neng nggone gang sebelah (sengaja teka gasik ben cepet kelaaar), njur aku ganti kostum ‘bolank penjelajah’.  Ha ha, bolank kuwi bocah ngilank....(ngilank= hollow man?)



Persiapan sakperlune: udhuk cukup bensin, peta dalan (hasile ngeprint Google Map+ Wikimapia), ponco batman menawa kudanan neng ndalan, jamu masuk angin 4 sachet, paket cilik obat P3k, wis cukup.  Seko ngomah, kampung Kalicacing – kecamatan Sidomukti – Salatiga, aku milih jalur ngetan.  Biasane wong akeh podho lewat Boyolali-Solo-Karanganyar, nanging iki aku emoh lewat kono, wegah uyel-uyelan karo bis, truk, rupa-rupa montor sing ngebaki dalan.  Sakdurunge terminal Tingkir, menggok kiwo ngarah kec Suruh.  Iki jalur alternatip arus mudik/ balik arah Sragen-Ngawi, sing sok macet mar kocet mung yen usume Lebaran.  Yen dina-dina normal, yo biasa-biasa wae--- rame banget sich ora, sepi banget yo ora.  Dalane lumayan alus, sebagian ono sing belang-belang, bolong-bolong, brenjul-brenjul, (bercak-bercak??)... nanging umume lancaar...

 
Pas nyebrang jembatan Karang Gede, iki kaline

Setengah jam seko start, aku wis nglewati Suruh, terus tekan Karang Gede.  Seko prapatan Karang Gede, lurus ngetan wae.  Aku ngeluncur sante, ora usah nganggo ngebut-benjut.  Nonton speedometer, takamati bantere mung 40 – 55 km/jam thok.  Jenenge wae ‘touring udhuk santei’, yo ora usah kesusa-kesusu.  Bare Karang Gede, terus nglewati kec Klego, njur kec Andong, nganti tekan Gemolong (ono sing ngarani Gemolong City? Eh, Siti seko Gemolong to?). 

Lewat Klego wilayahe Boyolali
Iki prapatan Gemolong, bare nyebrang rel sepur


Neng Gemolong aku mandhek sedhelok, ngluruske sikil – ngeluk geger, karo mampir ATM. Terus, cabut Bro?  Nglewati pasar Gemolong, ngetan tekan protelon, menggok tengen ngarah Plupuh.  Sawangane sajak padhang njingglang, kiwo tengene akeh sawah- kebon karo gerombolan omah desa.   Bare kecamatan Plupuh, arahe dalan rodo ngetan-ngidul, terus nglewati jembatan Sari/ bengawan Solo.  Lhadalah, arepe tekan pasar Masaran kok dalane mbradhul-nyemek alias bolong-bolong campur becek.  Tujune mulai pasar Masaran, nglewati dalan Solo-Sragen sak teruse, dalane alus kabeh.



Lewat dalan Solo-Sragen arah ngidul sedelok, tekan protelon Karangmalang menggok kiwo.  Ono dalan beton nyidhat lurus lewat pinggir sawah, dadine ora usah lewat Grompol, ngirit 2 km yake.  Kiro-kiro 1,2 km ketemu dalan Grompol-Jambangan, menggok kiwo.  Seko kene, gunung Lawu wis ketok cetho ‘membahana’, dadi wis iso nggo pathokan arah amrih ora nganti kesasar adoh. 



Bare nyebrang rel sepur, terus lurus ngetan tekan Jambangan.  Sakdurunge pasar Jambangan, ono protelon aku menggok kiwo (ono papan rambu nunjuk arah Ngargoyoso).  Seko kene dalane wis mulai rodo nanjak sithik, terus nganti tekan Batujamus.  Tenger panggonan/ landmark sing ngetop yen wis tekan Batujamus yo kuwi pabrik karet peninggalan jaman Kumpeni sing crobong asape akeh.  Aku mandhek sedelok, mikir-mikir arep lewat Ganten (lurus) opo lewat Kerjo (menggok kiwo).  Sidane aku milih menggok kiwo ngarah kecamatan Kerjo.  Nglewati kebon karet sedelok, tekan protelon kecamatan Kerjo sing ono tugune (jenenge Tugu Celeng), menggok tengen ngarah deso Gempolan, deso Karang Gandu ketemu protelon maneh, menggok tengen. 

Pabrik karet Batujamus, cerobonge asap kemruyuk
Lewat kebon karet ngarah kec Kerjo
Dalan alus mulai munggah ngarah Ngargoyoso


Lha bagian iki sawangane kiwo-tengene apik men Bro, sawah undhak-undhak campur background alas karet, ono kali cilik banyune bening ketoke seger tenan.  Nyebrang jembatan nglewati kali mau, dalane menggok nanjak tekan deso Jenggrik, terus lewat deso Jatirejo ngarah Ngargoyoso.  Iki hawane wis mulai krasa isis-seger koyo nganggo AC.  Sawangane sebelah kiwo bukit gondrong alase ijo royo, tengene kebon sayur seger-seger.  Neng ngarep (isih rodo adoh) wis ketok kebon teh background-ne gunung Lawu.  Berartine wis cedhak sasaran:  deso Kemuning sing ngetop kebon teh + bukit-bukit Teletubbies.  Kemuning, here I come….horee!!

Sak bagian kebon teh Kemuning


Tekan deso Kemuning, aku setel kendho sik.  Mlakune udhuk alon-alon wae, trus aku mandheg cedhak prapatan Kemuning.  Ngamati kiwo-tengen, aku nyocokke peta karo panggon nyatane: pasar Kemuning, terminal angkutan, wit ringin cedhake Koramil Ngargoyoso, wis pas.  Berarti sasaran wis diakses kanthi akurat mar kurat! 



Estimated time eh, elapsed time….seko ngomah tekan Ngargoyoso: 2½ jam.  Kuwi wis etungan mlaku santé lo, ora ngebut, ora kesusu, ora trek-trekan.  Lha saiki kari nggolek panggonan leren, leyeh-leyeh sambi wedangan.  Seko prapatan Kemuning, aku bablas mudhun ngidul (ngarah Karangpandan). 



Ora adoh seko pabrik teh, ono kebon teh sing tengahe ono omah ngetop mar kotop neng kalangan Solo Raya, jenenge Rumah Teh nDoro Donker.  Biiyuuuh….ramene Bro, yen lagi dina prei koyo ngene iki.  Parkiran kebak udhuk karo montor jobo kutho, seko ngendi wae ono (montor plat Jakarta wae takamati ono).  Mejo kursi neng njero- njobo wis kebak pelancong kabeh.  Arep mapan lingguh wae antri sik.  Sambi nunggu mejo-kursi sing lowong, aku mlaku sik mblusuk neng kebon teh (ben ora ketok nganyur-njathus, ndak isin yo! He he he).  Olehe blusukan turut tanduran teh kuwi karo ngamat-amati, menawa ono rombongan sing menyat seko kursi, langsung dicim/ dicup sakdurunge kedhisikan wong liya.  Eh, jebule wong liya yo mikire ngono kuwi koyo aku.  Pisan aku kedhisikan olehku arep ngenggoni bangku.  Bar kuwi ethok-ethoke aku ngamati hiasan tembok, sambi nglirik sing endi rampung wedangan arep menyat lunga. 
Pas ono sarimbit lovers (yake) menyat seko kursi, age-age taknggoni kono.  Mejone isih ono cangkir – piring reget yo ben, sing penting oleh panggon sik.  Ora nunggu suwe, punggawa waiter ngresiki mejo, aku pesen wedang teh aroma jeruk sak teko, kentang Donker karo timus Donker.  Waah…..nyamleng tenan Bro. 



Kira-kira setengah jam aku leyeh-leyeh neng nDoro Donker, gerombolan pelancong alias turis lokal isih podho teka-lunga, manggon-menyat, gonta-ganti sing njujug pangkalan wedang teh kuwi.   Ono ibu ketok thingak-thinguk sajak sayah ora oleh panggonan ngeteh, terus nembung numpang lenggah neng kursi ngarepku.  Takaturi pinarak wae neng mejo-kursi kono karo keluargane sisan, wong aku wis rampung olehku wedangan.  Ibu seko Sukoharjo kuwi matur nuwun banget.  Terus aku cabut Bro. 


Liya wektu, liya dina  aku arep mrono meneh, blusukan sekitare (ono candi, grojogan, telogo…waiting to be explored..haa haaa).